Saturday, April 20, 2013

cerita lucu kimcil nyolong timun versi banyumasan

Sedurunge cerita, tek wei ngerti, cerita kiye khusus nggo SUNAT+. Dadi kanggo koe pada sing urung sunat, aja maca cerita kiye. Mengko domeih wong tuamu.Nganah bali disit njaluk sunat maring rama/biyungmu. Ngomong bae njaluk sunat gara2 kepengin maca ceritane nyong. Paling di balang clurit kon ramban suket neng sawah. #kawus.



Kimcil kuwe sejenis mahluk sing cilik, imut, lucu. Lincah, senenge mlumpat-mlumpat (meng kasur), ya lenjeh lenjeh kaya kae lah..



Dadi ceritane kaya kiye..Pada jaman dahulu kala, ana cah lanang bagus, apik atine lan ora sombong jenenge guplo.. (Wis ra sah protes, jenenge bae cerita, kadang ya cokan ora mesti pada karo kenyataane).guplo duwe Timun sing paling apik se dunya.Timune warnane ora ijo, beda karo timun timun pada umume. Warnane coklat keemasan.



Nah timune Guplo kuwe dadi rebutan. Terutama nggo rebutan kimcil kae.Padahal ya, timun kuwe anu spesial nggo seseorang sing di tresnani karo Guplo, jenenge Sri. Merga timune Guplo kuwe bangetin spesial, di jaga bener-bener. Di gawa meng ndi ora. Mangan di gawa, turu di gawa, nganti ngising bae di gawa.



Pada suatu hari, Guplo arep apel meng nggone Sri. Ngapel numpak becak andalane. Becak sing bisa ngebut nek bar di empani sega sepiring. NOS bae kalah bantere.Ujug-ujug neng dalan, di adang kimcil. Kimcile ngaded neng tengah dalan, becake Guplo di adang.. Guplo nge-rem.. Tapi kelalen neng sebelah ndi rem e. Akhire becake ora bisa mandeg, kimcile ketabrak... *bruaakkkkk!!!* Kimcile MATI. Kimcile gagal ngebut Timune Guplo.



Jebule ora mung siji sing kepengin ngrebut timune Guplo. Ana kimcil liane sing kepengin ngrebut.



Pada suatu waktu, pas Guplo lagi arep dolan meng nggone kancane nggarap tugas (tetep numpak becak andalane), di adang neng wong wadon ayu.. Wadon kue kulite putih (kaya sapi), kulite mulus (kaya kecoro), matane tajam (kaya bendo), senyumane menggoda (kaya setan).



Wadon : "Mas, anu emm.. emm..."

Guplo: "Ana apa mba? Amm emm amm emm, lagi kebet ngising apa??"'

Wadon : "Ora mas, wis ngising tembe bae. Anu mas, nyong jomblo..."

Guplo : "Wah tumben banget mba, sengertiku sih yah, nek jomblo kuwe jarang loh sing ngaku.. (kaya sing maca) #nyindirAlus. Trus arep ngapa mba nek koe jomblo?? Ya nggolet pacar nganah.."

Wadon : "Emm.. Anu.. URUNG ANA SING COCOK.. #AlibiJombloTingkatKaresidenan "

Guplo : "Ngomong bae ora payu mba, ora usah rikuh-rikuh, kaya karo sapa. Kepriwe kiye ana apa jane ngadang nyong neng dalan??"

Wadon : "Ya mas, nyong lagi ana masalah, kepengin curhat. Tapi ora duwe kanca curhat. Gelem ora mas ngancani nyong?"



Jalaran Guplo kuwe wonge apikan, seneng nulungi nek ana wong susah, ana sing butuh ya kudu di tulungi.



Guplo : "Ya wis mba, cerita ngeneh karo nyong. Ana masalah apa?? Eh tapi ceritane ora kepenak nek neng kene, sisan karo mangan ya?"

Wadon : "Wah kebeneran mas, nyong ya urung madang *mbatin YESS!*"



Guplo karo wadon kuwe mlaku nggolet tempat panganan, muter muter se-Kabupaten ora nemu panganan sing cocok, akhire di ajak wadone meng kos-kosane.



Wadon : "Arep nginum apa mas? Banyu bening? Apa kobokan??"

Guplo : "Banyu kalen sisan ya kena mba, ben modar"

Wadone : "Kiye mas, tek gawekna jus special.. Jus for you.. #eaaa"



Guplo keselen nggenjoti becak, dadi ngelak banget. Di wei wedang langsung bae, Jus se gelas di inum langsung ntong. Kaya manuk dara bandangan bar di burna adoh di wei inuman.



Ora let suwe, sirahe Guplo krasa mumet. Rasane mubeng-mubeng kaya numpak undar neng Pasar Malem.Mlaku gentayangan kaya ebeg wuru. Akhire Guplo tiba semaput ora sadar.Jebule jus sing di wei neng wadon kuwe banyu Ciu. Ciu sing memabukkan. Gawe Guplo modar ora sadar.



Wadone ngguyu-ngguyu ngekek kaya kuthi. Trus malik wujude dadi Kimcil.Terus timune di bedul. Di colong di gawa mlayu. Timune Guplo berhasil di colong neng kimcil kuwe.



Esuke Guplo tangi, trus sadar. Jebule neng Gang Sadar. Guplo kaget. Trus niliki ngisor..Waduh TIMUNKUUUUUU DI COLONG KIMCIIILLLLL....!!!!



Guplo emosi, galau. Trus ngetwit #eh.



Guplo bali ngumah lesu, lemes, ora gairah. Becake bae di tinggal lunga ora kepikiran.Padahal timun kuwe special nggo Sri. Kepriwe kiye, soale timun kuwe nggo syarat nek arep dadi bojone Sri.Guplo bingung, Guplo galau. Trus ngetwit. #eh



Sedurunge timun kuwe ketemu, Guplo ora bisa mbojo karo Sri.KIMCIL KURANG AJARRR..!!!



Nah, kaya kuwe ceritane. Tekan siki Guplo esih mubeng-mubeng muteri Sewu Kutho (kaya Didi Kempot) nggoleti timune sing ilang di colong Kimcil. Demi mbojo karo Sri.Dongakna ya sedulur, semoga timune Guplo cepet ketemu. Ben bisa cepet mbojo karo Sri.



#RAMPUNG



*Cerita ini hanya fiktif belaka. Jika ada nama yang sama, kuwe ya jeneng pasaran. Jika ada kejadian yang sama, kuwe ya deritamu"

2 comments:

  1. VIPQIUQIU99.COM AGEN JUDI DOMINO ONLINE TERPERCAYA DI INDONESIA

    Kami VIPQIUQIU99 AGEN JUDI DOMINO ONLINE TERPERCAYA DI INDONESIA mengadakan SEO Kontes atau Kontes SEO yang akan di mulai pada tanggal 20 Januari 2017 - 20 Mei 2017, dengan Total Hadiah Rp. 35.000.000,- Ikuti dan Daftarkan diri Anda untuk memenangkan dan ikut menguji kemampuan SEO Anda. Siapkan website terbaik Anda untuk mengikuti kontes ini. Buktikan bahwa Anda adalah Ahli SEO disini. Saat yang tepat untuk mengetest kemampuan SEOAnda dengan tidak sia-sia, hadiah kontes ini adalah Rp 35.000.000,-

    Tunggu apa lagi?
    Kontes SEO ini akan menggunaka kata kunci (Keyword) VIPQIUQIU99.COM AGEN JUDI DOMINO ONLINE TERPERCAYA DI INDONESIA Jika Anda cukup percaya akan kemampuan SEO Anda, silahkan daftarkan web terbaik Anda SEKARANG JUGA! Dan menangkan hadiah pertama Rp. 10.000.000. Keputusan untuk Pemenang Akan di tentukan dengan aturan kontes SEO yang dapat dilihat di halaman ini.

    Tunggu apa lagi? Ikuti kontes ini sekarang juga!

    CONTACT US
    - Phone : 85570931456
    - PIN BB : 2B48B175
    - SKYPE : VIPQIUQIU99
    - FACEBOOK: VIPQIUQIU99

    ReplyDelete
  2. VAZBET - Tembak Ikan Online

    ~Bonus New Member 25%
    ~Bonus Next Deposit 5%
    ~Bonus Cashback 10%

    Ayo Daftar !
    Dapatkan Bonus Menarik Lainnya.
    WA >>> +855 878 795 20
    WEB >>> WWW,VAZBET,IN

    ReplyDelete